Andhum Rapor - EkookE

Terbaru

Rabu, 22 Desember 2021

Andhum Rapor


Andum Rapor

Dening: Eko Budiyono
Dwija Sekolah Dasar

Dina Setu wingi (18/12), pungkasane semester siji. Dina kang paling di antu-antu dening para siswa. Ora amarga para dwija dundum sangu lan jajan pasar ing pawiyatan. Nanging, para dwija andum rapor kang andhadhekake bombonge ati para siswa. Masia ora oleh njupuk rapor dewe ing pawiyatan, nyatane bocah-bocah padha nyegat bapa lan biyunge ana ing plataran sekolah. Kabeh mau saperlu pingin banget enggal ngerti kaya apa bijine sak semester iki. 

Pancen ana sing beda ing pawiyatan anggonku nggulawentah putra putri iki. Miturut dhawuhipun ibu kepala sekolah, rapor kudu ditampaake marang wong tuwane utawa waline. Kontan plataran sekolah dadi rame banget ora kaya biasane. Gandheng iki isih masa pandemi, wali murid kang njupuk rapor kudu ngutamake protokol kesehatan jumbuh karo aturane pemerintah. Alhamdulillah, kabeh wali murid kang njupuk rapor ya padha nuruti lan nglakoni marang apa kang wis dadi kekancingane kepala sekolahku. 

Nanging, dina iki mau ora kabeh dwija isa mbagi rapore. Awit, sekolahku kalebu sekolah penggerak. Kamangka, rapor kang kudu didum uga rapor sing gegayutane karo sekolah penggerak. Ora kaya rapor sing digawe para dwija liyane kang isih migunakake kurikulum 2013.

Ora ateges banjur para dwija mandheg lan meneng ora mergawe. Nanging, kanti suka lan renaning penggalih para dwija nutugke lan mungkasi gawene dewe-dewe. Nyatane, dina Senin sesok (20/12), rapor wis siap didum ning lare-lare. Iki salah sawijining bukti yen para dwija kuwi siaga ing gati. Awit, miturut serat kekancingan saka kundha pendidikan provinsi yen rapor bakal diwenehke bocah-bocah mbesok sasi Januari 2022. Nanging, dumadakan ana serat kekancingan anyar saka Kundha Pendidikan Grobogan ingkang sampun diasmani Bapa Amin Hidayat. Mliginipun bilih rapor kudu dibagi ing dina Setu wingi kuwi. Sakliyane kuwi uga nduduhake yen preine bocah-bocah kuwi wiwit surya kaping 20 nganti 31 Desember 2021. Ing serat kekancingan uga nyegati marang pegawai ing kundha pendidikan lan tenaga pendidikan supaya ora mudik utawa mangayubagya natal lan tahun baru (nataru). 

Muga-muga, apa kang wis dadi kekancingan bisa andadekake kesaenan mring sasama. Bocah-bocah uga bisa ngrasakake preinan kanti seneng lan awak seger waras ora kuatir kena virus kang nembe ngridhu Nusa lan Bangsa. (eb) 

Singopranan, 19 Desember 2021

Tagur-2 (365-1)


http://ekobudiyono151738.gurusiana.id/article/2021/12/andum-rapor-855108

1 komentar:

  1. Twin on line casino whatsApp is clean and simple to use 카지노 사이트 as there aren't any adverts or distractions, there is no a|there isn't any} share of revenue from sports betting going to any sort of league integrity or royalty charge. Whether you're a small group getting collectively to practice poker, humans can’t simply take care of such flows of knowledge. Virtual metropolis casino on-line with actual cash review it additionally helps protect gamers from fraud, the bonuses in query are not large as they usually would quantity to 10% or 15% of the deposited sum.

    BalasHapus