NDAUT - EkookE

Terbaru

Minggu, 07 Maret 2021

NDAUT



꧁ꦟ꧀ꦢꦲꦸꦠ꧀꧂

꧋ꦯꦼꦫꦠꦤ꧀ ꦌꦏꦺꦴꦨꦸꦢꦶꦪꦺꦴꦤꦺꦴ꧉
꧋ꦢ꧀ꦮꦶꦗ ꦯꦼꦏꦺꦴꦭꦃ ꦢꦱꦂ꧉

꧋ꦄꦭ꧀ꦲꦩ꧀ꦢꦸꦭꦶꦭ꧀ꦭꦲ꧀꧈ ꦢꦶꦤ ꦔꦠ꧀ꦥꦲꦶꦁ ꦲꦶꦏꦶ ꦱꦮꦃꦏꦸ ꦢꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦫꦶ꧉ ꦆꦏꦶ ꦩꦺꦴꦤꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂ ꦮꦭꦶꦏꦤ꧀꧉ ꦢꦶꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶ ꦮꦭꦶꦏꦤ꧀ꦲꦩꦂꦒ ꦲꦶꦏꦶ ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦂ ꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴ ꦱꦏ꧀ꦮꦸꦱꦺ ꦥꦤꦺꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤꦤ꧀꧉

꧋ꦩꦱꦶꦪ ꦲꦏꦸ ꦲꦺꦴꦫ ꦥꦼꦠꦤꦶ ꦠꦸꦭꦺꦤ꧀꧈ ꦤꦔꦶꦁ ꦲꦏꦸꦧꦱꦶꦛꦶꦏ꧀ꦱꦶꦛꦶꦏ꧀ꦪꦧꦶꦱꦠꦼꦠꦤꦶ꧉ ꦛꦸꦭꦝꦤꦺ ꦩꦕꦸꦭ꧀ꦒꦮꦺ ꦒꦊꦔꦤ꧀꧈ ꦤ꧀ꦢꦲꦸꦠ꧀꧈ ꦭꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦗꦫꦶ꧉ ꦥꦤ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫ ꦒꦩ꧀ꦥꦁ ꦢꦢꦶ ꦮꦺꦴꦁ ꦠꦤꦶ꧉ ꦄꦏꦺꦃ ꦒꦮꦺꦪꦤ꧀ꦏꦁ ꦏꦸꦸꦢꦸ ꦢꦶꦭꦏꦺꦴꦤꦶ ꦱꦏ꧀ꦢꦸꦫꦸꦔꦺ ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧉ ꦑꦪ ꦠ: ꦩꦕꦸꦭ꧀꧈ ꦩ꧀ꦭꦸꦏꦸ꧈ ꦲꦁꦒꦫꦸ꧈ ꦤ꧀ꦢꦲꦸꦠ꧀꧈ ꦩ꧀ꦨꦤ꧀ꦗꦫꦶ꧈ ꦭꦤ꧀ꦏꦁ ꦥꦸꦁꦏꦱꦤ꧀ꦪꦲꦶꦏꦸ ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧉ ꦑꦧꦺꦃ ꦲꦺꦴꦏꦸ ꦏꦸꦢꦸ ꦢꦶꦭꦏꦺꦴꦤꦶ꧉ ꦯꦏ꧀ꦲꦸꦩ꧀ꦥꦩ ꦲꦤ ꦱꦶꦗꦶ ꦮꦲꦺ ꦏꦁ ꦏ꧀ꦭꦶꦮꦠꦤ꧀꧈ ꦩꦼꦱ꧀ꦠꦶꦤꦺ ꦥꦫ ꦏꦝꦁ ꦠꦤꦶ ꦲꦺꦴꦫ ꦧꦏꦭ꧀ꦧꦶꦱ ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧉ 

꧋ꦯꦭꦃ ꦱꦮꦶꦗꦶꦤꦶꦁ ꦥꦼꦒꦮꦺꦪꦤ꧀ꦏꦁ ꦏꦸꦢꦸꦢꦶꦭꦏꦺꦴꦤꦶ ꦱꦏ꧀ꦢꦸꦫꦸꦔꦺ ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦂ ꦪꦲꦶꦏꦸ ꦤ꧀ꦢꦲꦸꦠ꧉ ꦤ꧀ꦢꦲꦸꦠ꧀ꦲꦸꦠꦮ ꦤ꧀ꦗꦧꦸꦠꦶ ꦮꦶꦗꦶ ꦥꦫꦶ ꦏꦁ ꦲꦉꦥ꧀ꦢꦶꦠꦤ꧀ꦢꦸꦂ ꦏꦸꦮꦶ ꦲꦺꦴꦫ ꦒꦩ꧀ꦥꦁ꧉ ꦄꦮꦶꦠ꧀꧈ ꦒꦸꦭꦸꦢꦤ꧀ꦮꦶꦗꦶ ꦏꦁ ꦲꦉꦥ꧀ꦢꦶ ꦢꦲꦸꦠ꧀ꦏꦸꦢꦸ ꦲꦤ ꦧꦚꦸꦤꦺ ꦏꦁ ꦩꦸꦧꦿꦸ꧉ ꦨꦚꦸ ꦏꦁ ꦩꦸꦧꦿꦸ ꦏꦸꦮꦶ ꦩꦲꦸ ꦲꦶꦱ ꦲꦁꦒꦩ꧀ꦥꦁꦲꦏꦺ ꦥꦫ ꦏꦝꦁ ꦠꦤꦶ ꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦺ ꦲꦤ꧀ꦗꦧꦸꦠꦶ ꦮꦶꦗꦶ꧉ ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦚꦸꦤꦺ ꦱꦶꦛꦶꦏ꧀ꦲꦸꦠꦮ ꦚꦼꦩꦼꦏ꧀ꦚꦼꦩꦼꦏ꧀꧈ ꦠꦼꦩ꧀ꦠꦸ ꦲꦺꦴꦫ ꦲꦶꦱ ꦕꦼꦥꦼꦠ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦺ ꦤ꧀ꦢꦲꦸꦠ꧀꧉ ꦄꦮꦶꦠ꧀꧈ ꦗꦧꦸꦠꦤꦺ ꦮꦶꦶꦗꦶ ꦩꦼꦱ꧀ꦠꦶ ꦫꦢ ꦲꦔꦶꦭ꧉ ꦩꦱꦶ ꦲꦶꦱ ꦢꦶꦕꦧꦸꦠ꧀꧈ ꦤꦔꦶꦁ ꦊꦩꦃ ꦏꦁ ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦭ꧀ꦲꦺꦴꦪꦺꦴꦠꦺ ꦮꦶꦗꦶ ꦧꦏꦭ꧀ꦏꦠꦸꦠ꧀꧉ ꦯꦏ꧀ꦭꦶꦪꦤꦺ ꦏꦸꦮꦶ꧈ ꦮꦶꦗꦶꦲꦶꦏꦸ ꦧꦶꦱ ꦠꦸꦒꦼꦭ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦥꦿ ꧉ ꦄꦮꦶꦠ꧀꧈ ꦮꦶꦗꦶꦏꦁꦠꦸꦒꦼꦭ꧀ꦲꦺꦴꦫ ꦧꦶꦱ ꦢꦶ ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧉ ꦨꦺꦢ ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦚꦸꦤꦺ ꦩꦸꦧꦿꦸ꧈ ꦩꦱ꧀ꦛꦶꦤꦺ ꦊꦩꦃ ꦲꦺꦴꦫ ꦏꦠꦸꦠ꧀ꦏꦼꦗꦧꦸꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦮꦭ꧀ꦱꦏ ꦲꦺꦴꦪꦺꦴꦠꦺꦮꦶꦗꦶꦩꦲꦸ꧉ 

꧋ꦟꦭꦶꦏ ꦤ꧀ꦢꦲꦸꦠ꧀ꦮꦶꦔꦶ꧈ ꦲꦏꦸ ꦲꦺꦴꦫ ꦝꦺꦮꦺꦏꦤ꧀꧈ ꦥ꦳ꦁꦒ ꦠꦼꦥꦫꦺꦴꦏꦸ ꦠꦏ꧀ꦱꦩ꧀ꦧꦠꦶ ꦠꦏ꧀ꦗꦭꦸꦏꦶ ꦠꦸꦭꦸꦁ ꦲꦩ꧀ꦧꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸ꧉ ꦟꦔꦶꦁ꧈ꦲꦺꦴꦫ ꦏꦧꦺꦃ꧉ ꦄꦩꦸꦁ ꦥꦿꦶꦪꦪꦶ ꦭꦺꦴꦫꦺꦴ ꦏꦁ ꦠꦏ꧀ꦗꦭꦸꦏꦶ ꦠꦸꦸꦁ꧉ ꦯꦏ꧀ꦭꦶꦪꦤꦺ ꦠꦁꦒꦏꦸ ꦩꦲꦸ꧈ ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦸ ꦱꦏ꧀ꦏ꧀ꦭꦫꦤ꧀ꦪ ꦩꦺꦭꦸ ꦤ꧀ꦢꦲꦸꦠ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧉ꦢꦢꦶꦤꦺ ꦱꦶꦁ ꦤ꧀ꦢꦲꦸꦠ꧀ꦲꦤ ꦮꦺꦴꦁ ꦭꦶꦩ ꦒꦸꦁꦒꦸꦔꦺ꧉ ꦑꦤ꧀ꦠꦶ ꦒꦼꦒꦺꦴꦗꦺꦏꦤ꧀꧈ ꦲꦺꦴꦫ ꦏꦿꦱ ꦮꦶꦱ꧀ꦫꦢ ꦲꦮꦤ꧀꧉ ꦢꦲꦸꦠꦤꦺ ꦪ ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦭꦺꦃ ꦥꦶꦫꦁꦥꦶꦫꦁ ꦥꦺꦴꦕꦺꦴꦁ꧉

꧋ꦯꦼꦏꦶꦫꦤꦺ ꦮꦶꦱ꧀ꦕꦸꦏꦸꦥ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦺ ꦤ꧀ꦢꦲꦸꦠ꧀꧈ ꦧꦤ꧀ꦗꦸꦂ ꦮꦶꦗꦶ ꦢꦆꦧꦤ꧀ꦗꦫꦶ ꦲꦤ ꦲꦁ ꦏꦼꦝꦺꦴꦏ꧀ꦲꦤ꧀ꦱꦮꦃ꧉ ꦩꦤꦺꦃ ꦩꦤꦺꦃ ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦸ ꦱꦏ꧀ꦏ꧀ꦭꦫꦤ꧀ꦏꦁ  ꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦗꦫꦶ꧉ꦄꦏꦸ ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫ ꦏꦸꦮꦮ ꦏꦫꦺꦴ ꦥꦤꦱꦺ ꦱꦿꦼꦔꦺꦔꦺ꧉ ꦫꦱꦤꦺ ꦏꦸꦭꦶꦠ꧀ꦏꦸ ꦥꦠꦶꦁ ꦱꦼꦭꦺꦠ꧀꧉ ꦄꦏꦸ ꦧꦤ꧀ꦗꦸꦂ ꦔꦢꦼꦩ꧀ꦲꦤ ꦲꦶꦁ ꦔꦶꦱꦺꦴꦂ ꦮꦶꦠ꧀ꦩꦲꦺꦴꦤꦶ꧉

꧋ꦎꦫꦊꦠ꧀ꦱꦸꦮꦺ꧈ ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦸ ꦮꦺꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦏ ꦲꦁꦒꦮ ꦏꦶꦫꦶꦩꦤ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴ ꦩꦝꦁ ꦲꦮꦤ꧀꧉ ꦨꦤ꧀ꦗꦸꦂ ꦥꦢ ꦔꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦢꦢꦶ ꦱꦶꦗꦶ ꦭꦤ꧀ꦩꦝꦁꦧꦉꦁ ꦧꦉꦁ꧉ ꦯꦏ꧀ꦢꦸꦫꦈꦔꦺ ꦩꦝꦁ꧈ ꦏꦧꦺꦃ ꦥꦝ ꦮꦶꦱꦸꦃ ꦲꦤ ꦲꦶꦁ ꦧꦚꦸ ꦏꦭꦺꦤ꧀ꦏꦁ ꦲꦶꦱꦶꦃ ꦩꦶꦭꦶ꧉ ꦄꦗ ꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦱꦼꦥꦶꦫ ꦉꦱꦶꦏꦺ ꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦺ ꦮꦶꦱꦸꦃ꧉ ꦄꦮꦶꦠ꧀꧈ ꦥꦫ ꦏꦢꦁꦠꦤꦶ ꦲꦁꦭꦏꦺꦴꦤꦶ ꦔꦸꦤꦸ ꦏꦸꦮꦶ ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦶꦫꦁꦥꦶꦫꦁ ꦠꦲꦸꦤ꧀꧉ ꦚꦠꦤꦺ ꦪ ꦱꦼꦒꦼꦂ ꦮꦫꦱ꧀ꦮꦲꦺ꧉ ꦄꦏꦸ ꦪ ꦩꦺꦭꦸꦩꦺꦭꦸ ꦮꦶꦱꦸꦃ ꦲꦤ ꦏꦭꦺꦤ꧀ꦏꦸꦮꦶ꧉ 

꧋ꦝꦼꦲꦫꦤ꧀ꦲꦮꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶ ꦩꦤꦺꦏ ꦮꦂꦤ꧉ ꦭꦮꦸꦲꦺ ꦲꦤ ꦠꦺꦩ꧀ꦥꦺ꧈ꦱꦩ꧀ꦧꦼꦭ꧀  ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦁ ꦒꦺꦴꦫꦺꦁ꧈ ꦏꦿꦸꦥꦸꦏ꧀꧈ ꦭꦤ꧀
ꦱꦪꦸꦂ ꦲꦱꦼꦩ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦱꦼꦢ꧀ꦪꦲꦏꦺ꧉ꦑꦧꦺꦃ ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦝ ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁ ꦥꦶꦫꦶꦔꦺ ꦢꦺꦮꦺꦢꦺꦮꦺ꧈ ꦱꦼꦩꦺꦴꦤꦺꦴ ꦲꦸꦒ ꦲꦏꦸ꧉ ꦨꦤ꧀ꦗꦸꦂ ꦥꦝ ꦝꦲꦂ ꦧꦼꦧꦉꦔꦤ꧀꧉ ꦩꦱꦶꦪ ꦲꦺꦴꦫ ꦲꦤ ꦭꦮꦸꦃ ꦏꦁ ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦲꦺ ꦤꦏ꧀ꦏꦪ ꦤꦶꦁ ꦫꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦫꦤ꧀꧈ ꦤꦔꦶꦁ ꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦺ ꦝꦲꦂ ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦚꦩ꧀ꦊꦼꦁ꧉ ꦄꦏꦸ ꦢꦺꦮꦺ ꦪ ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦥꦶꦁ ꦥꦶꦤꦢꦺꦴ꧉ ꦗꦶꦲꦤ꧈ ꦱꦼꦒꦼꦂꦠꦼꦤꦤ꧀꧉

꧋ꦄꦩꦂꦒ ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦮꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦤ꧀ꦕꦶꦤꦺ ꦱꦭꦠ꧀꧈ ꦧꦤ꧀ꦗꦸꦂ ꦥꦝꦧꦭꦶ ꦲꦤ ꦲꦶꦁ ꦲꦺꦴꦩꦲꦺ ꦢꦺꦮꦺ ꦢꦺꦮꦺ꧉ ꦯꦼꦩꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦸꦒ ꦲꦏꦸ ꦭꦤ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦸ꧉ ꦩꦸꦒꦶꦪ꧈ꦲꦥꦔꦱꦶꦁ ꦢꦏ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶ ꦏꦫꦺꦴ ꦏ꧀ꦭꦸꦮꦂꦒꦏꦸ ꦲꦶꦶꦶꦏꦶ ꦩꦲꦸ ꦧꦶꦱ ꦲꦤ꧀ꦝꦝꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺ ꦧꦫꦺꦴꦏꦃ ꦲꦶꦁ ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺ ꦩ꧀ꦧꦸꦫꦶꦤꦺ꧉ ꦯꦏ꧀ꦭꦶꦪꦤꦺ ꦏꦸꦮꦶ꧈ ꦩꦸꦒꦶ ꦩꦸꦒꦶ ꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ  ꦠꦤ꧀ꦱꦃ ꦥꦫꦶꦁꦫꦶꦝ ꦭꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦗꦒ ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦫꦤ꧀ꦏꦸ ꦔꦤ꧀ꦠꦶ ꦥꦤꦺꦤ꧀ꦱꦩꦁꦏꦺ꧈  ꦄꦩꦶꦤ꧉ (ꦌꦏꦺꦴꦲꦺꦴꦏꦺ)

꧋ꦑꦼꦢꦸꦁꦗꦼꦫꦸꦏ꧀꧈ ꧗ ꧇ ꦩꦉꦠ꧀ ꧇ ꧒꧐꧒꧑
________________________

꧁NDAUT꧂

Seratan Eko Budiyono
Dwija Sekolah Dasar


Alhamdulillah, dina Ngat pahing iki sawahku dak tanduri. Iki mono tandur walikan. Diwastani walikan, amarga iki tandur kapindho sak wuse panen pisanan. 

Masia aku ora petani tulen, nanging aku sithik-sithik ya bisa tetani. Tuladhane macul gawe galengan, ndaut, lan mbanjari. Pancen ora gampang dadi wong tani. Akeh gawean kang kudu di lakoni sak durunge tandur. Kaya ta: macul, mluku, nggaru, ndaut, mbanjari, lan kang pungkasan yaiku tandur. Kabeh iku kudu dilakoni. Sak umpama ana siji wae kang kliwatan, mestine para kadang tani ora bakal bisa tandur. 

Salah sawijining pegawean kang kudu dilakoni sak durunge tandur yaiku ndaut. Ndaut utawa njabuti wiji pari kang arep ditandur kuwi ora gampang. Awit, guludan wiji kang arep di daut kudu ana banyune kang mubru. Kenapa kok banyune kudu mubru? Banyu kang mubru kuwi mau isa anggampangake para kadang tani anggone njabuti wiji. Yen banyune sithik utawa amung nyemek-nyemek, temtu ora isa cepet  anggone ndaut. Awit, jabutane wiji mesti rada angil. Masia isa di cabut, nanging lemah kang kanthil oyote wiji bakal katut. Sak liyane kuwi, wiji iku bisa tugel muspra. Awit, wiji kang tugel ora bisa di tandur. Beda yen banyune mubru, mesthine lemah ora katut kejabut lan owal saka oyote wiji mau. 

Nalika ndaut wingi, aku ora dewekan. Tangga teparoku tak sambati tak jaluki tulung ambiyantu. Nanging, ora kabeh. Amung priyayi loro kang tak jaluki tulung. Sak liyane tanggaku mau, anakku sakklaran ya melu ndaut kabeh. Dadine sing ndaut ana wong lima gunggunge. Kanti gegojegan, ora krasa wis rada awan. Dautane ya wis oleh pirang-pirang pocong. 

Sekirane wis cukup anggone ndaut, banjur wiji dibanjari ana ing kedhokan sawah. Maneh-maneh anakku sakklaran kang mbanjari. Aku wis ora kuwawa karo panase srengenge. Rasane kulitku pating selet. Aku banjur ngadem ana ing ngisor wit mahoni. 

Ora let suwe, anakku wedhok teka nggawa kiriman kanggo madhang awan. Banjur pada ngumpul dadi siji lan madhang bareng-bareng. Sak durunge madhang, kabeh padha wisuh ana ing banyu kalen kang isih mili. Aja takon sepira resike banyu iku lan sepira resike anggone wisuh. Awit, para kadang tani anglakoni adat ngunu kui ya wus pirang-pirang taun. Nyatane ya seger waras wae. Aku ya melu-melu wisuh ana kalen kui. 

Dedhaharan awan iki maneka warna. Lawuhe ana tempe, sambel, pindhang goreng, krupuk,  lan sayur asem wus kasedyaake. Kabeh wus padha tanduk ing piringe dewe-dewe, semono uga aku. Banjur padha dhahar bebarengan. Masia ora ana lawuh kang enak-enak kaya ning restoran, nanging anggone dhahar katon nyamleng. Aku dewe ya nganti tanduk ping pindo. Jian, seger tenan.   

Amarga wis awan lan wancine salat,  banjur padha bali ana ing omahe dewe-dewe. Semono uga aku lan anak-anakku. Mugia, apa sing dak lakoni karo kluwargaku iki mau bisa andhadhekake barokah ing tembe mburine. Sak liyane kuwi, mugi-mugi Gusti Allah  tansah paring ridha lan njaga tanduranku nganti panen samangke, Aamiin. (EkookE)

Kedung Jeruk, 7 Maret 2021

Tidak ada komentar:

Posting Komentar