SEDULURKU - EkookE

Terbaru

Sabtu, 06 Maret 2021

SEDULURKU






꧋ꦑꦤ꧀ꦕ ꦏꦁ ꦏꦪ ꦢꦼꦢꦸꦭꦸꦂ꧉

꧋ꦢꦺꦤꦶꦁ ꦌꦏꦺꦴ ꦨꦸꦢꦶꦪꦺꦴꦤꦺꦴ꧉
꧋ꦢ꧀ꦮꦶꦗ ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦒ꦳ ꦢꦱꦂ꧉


꧋ꦯꦼꦢꦸꦭꦸꦂꦏꦸ꧈ ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦤꦺ ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦭꦸꦮꦶꦏꦤ꧀ꦕꦏꦸ
ꦢꦸꦢꦸ ꦢꦸꦭꦸꦂ ꦲꦥ ꦩꦤꦺꦃ ꦏꦼꦭꦸꦮꦂꦒꦏꦸ
ꦤꦔꦶꦁ ꦠꦤ꧀ꦱꦃ ꦲꦤ ꦲꦶꦁ ꦩꦤꦃꦏꦸ
ꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸꦠꦤ꧀ꦱꦃ ꦲꦤ ꦏꦁꦒꦺꦴꦲꦏꦸ꧉


꧋ꦯꦼꦢꦸꦭꦸꦂꦏꦸ
ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸ ꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁ ꦏꦁꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦒꦮꦺ ꦥꦼꦥꦝꦁ꧉

꧋ꦯꦼꦢꦸꦸꦭꦸꦂꦏꦸ
ꦩꦱꦶꦪ ꦲꦩꦸꦁ ꦏꦤ꧀ꦕꦲꦥꦶꦏ꧀ꦢꦢꦶꦪ ꦱꦼꦢꦸꦭꦸꦂꦏꦸꦏꦁꦧꦼꦕꦶꦏ꧀
ꦩꦸꦒꦶꦪ ꦠꦤ꧀ꦱꦃ ꦱꦼꦢꦸꦭꦸꦫꦤ꧀ꦱꦼꦭꦮꦱꦺ
ꦱꦼꦢꦸꦭꦸꦫꦤ꧀ꦏꦁ ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃ
ꦲꦸꦒ ꦱꦼꦢꦸꦭꦸꦫꦤ꧀ꦏꦁ ꦧꦶꦱ ꦲꦁꦒꦮ ꦧꦼꦂꦏꦃ꧉

ꦯꦶꦔꦺꦴꦥꦿꦤꦤ꧀꧈ ꧖꧇ꦩꦉꦠ꧀꧇꧒꧐꧒꧑

Kanca Kang Kaya Sedulur

Dening Eko Budiyono
Dwija Sekolah Dasar


Sedulurku
Estune sampeyan kui kancaku
Dudu dulur apamaneh keluwargaku
Nanging tansah ana ing manahku
Sliramu tansah ana kanggo aku

Sedulurku
Sampeyan iku lintang-lintang
Kang terus paring pepadhang 

Sedulurku
Masia amung kanca apik
Dadiya sedulurku kang becik
Mugiya tansah seduluran selawase
Seduluran kang endah
Uga seduluran kang bisa nggawa berkah

Singopranan, 6  Maret 2021

Tidak ada komentar:

Posting Komentar